ULANGAN AKHIR SEKOLAH SEKOLAH MENENGAH PERTAMA TAHUN PELAJARAN 2016/2017 Bahasa Daerah

ULANGAN AKHIR SEKOLAH SEKOLAH MENENGAH PERTAMA TAHUN PELAJARAN 2016/2017

L E M B A R   S O A L
Mata Pelajaran        :  Bahasa Daerah
Kelas         :  VII
Hari/Tanggal        :
W a k t u         :  90 menit
Dimulai        :  09.00 WIB
Diakhiri        :  10.30. WIB

Petunjuk:
Tulisen nomor peserta ing lembar jawaban!
Wacanen kanthi teliti soal-soal ing ngisor iki banjur garapen soal kang gampang luwih dhisik

Pilihen wangsulan kang paling bener

Wacan 1 (Soal no 1-5)
Garret Augusust Morgan iku wong kang sepisanan nemokake  lampu lalu lintas.  Sadurunge Morgan nemokake piranti mau, wis ana modhel lampu lalu lintas. Wiwit taun 1868, lampu lalu lintas wiwit digunakake ing prapatan-prapatan kutha London lan Inggris.  Lampu kang digunakake yaiku rong werna, werna abang minangka tandha kendharaan mandheg, lan ijo minangka mlaku. Piranti iki dilakokake  manual dening polisi kang nduweni tugas ing simpangan kanthi nggunakake lampu gas.  Nalika lampune werna abang malih dadi ijo utawa sewalike, diatur  dening petugas kang adhedhasar jam kang digawa. Nalika kuwi, dudu ngatur mobil nanging ngatur dhokar kang cacahe akeh. Nalika tanggal 2 Januari 1869, lampu lalu lintas mau mbledhos lan nglarani petugas kang lagi ngoprasekake. Kedadeyan mau ndadekake penggalihan  ngenani piranti pengatur  lalu lintas kang luwih canggih.
(Saka Wikipedia Basa Jawa kanthi owah-owahan)
Manut jenis wacan ing dhuwur kalebu wacan jenis …..
Narasi
Deskripsi
Persuasi
argumentasi
Tahun pira lampu lalu lintas digunakake
1986
1968
1868
1886
Garret Augusust Morgan menika sinten?
Pawongan sepisanan ingkang  ngginakaken rambu-rambu lalu lintas
Pawongan sepisanan ingkang manggihaken lampu pengatur lalu lintas
Pawongan sepisanan ingkang manggihaken lampu listrik
Pawongan sepisanan ingkang sadeyan lampu pengatur lalu lintas
Ing kawitanipun werninipun lampu rambu-rambu lalu lintas menika wonten ….
Setunggal
Kalih
Tiga
Sekawan
Ing kawitanipun ingkang dipun atur dening lampu rambu-rambu lalu lintas menika menapa?
Mobil
Sepedha motor
Sepedha
Dhokar

Wacan 2 (soal no 6-8)
Khotbah Jum’at Seratane Sunan Giri
Kitab Khotbah Jum’at iki cacahe ana sewelas jilid, saben jilid isine limang naskah khotbah. Ing saben jilid mau minangka naskah khotbah kanggo sewelas sasi manut petungan urut-urutane kalender Hijriyah, kejaba sasi Dzulhijah. Manut katrangan Takmir Masjid Ainul Yaqin ing Giri Kebomas, khotbah kanggo sasi Dzulhijah kuwi ilang tanpa kinawruhan sangkan parane. Kitab khotbah iki mujudake seratan tangan nganggo dluwang jinis Lion in medallion, nganggo basal an aksara Arab. Katulis nggunakake mangsi bak Cina werna ireng lan abang. Saben jilid kitab mawa ukuran dawane 20 sentimeter, ambane 16,5 sentimeter.

Pinten jilid kitab Khotbah Jumat seratanipun Sunan Giri menika?
telu
pitu
sepuluh
sewels\
Saben jilid isinipun pinten naskah?
setu=gl\
tig
sekwn\
g=sl\
Khotbah damel sasi menapa ingkang ical?
Alif
Hijriyah
Dzulhijah
Syawal

Wacan 3 (Soal no 9-10)
Gunung Raung inggih punika salah satunggaling gunung ing Indonésia ingkang dumunung estunipun ing watesaning laladan Kabupatèn Banyuwangi, kabupatèn Bondowoso, kaliyan kabupatèn Jember, propinsi Jawa Wétan.[4] Dhuwuripun gunung punika inggih kirang langkung 3.332 meter saking nginggil laut.[5] Gunung Raung mapan wonten ing rentetan Pegunungan Ijen ingkang kalebet dhaptar gunung geni ingkang taksih aktip kanthi tipe stratovolcano.[6] Gunung Raung kalebet gunung api jinis komposit tipe A ingkang mlebet ing tigang wewengkon kabupatèn, inggih punika Kabupatèn Bondowoso, Kabupatèn Jember, saha Kabupatèn Banyuwangi.

Gunung raung salah sijine gunung geni sing manggon ing wilayah wates kabupaten ….
Banyuwangi, situbondo lan jember
Banyuwangi, Bondowoso, lan situbondo
Banyuwangi, Jember lan Bondowoso
Bondowoso, jember, lan Situbondo
Dhuwure gunung raung yaiku ….
3.233 meter saka segara
3.233 meter saka segara
2.333 meter saka segara
3.332 meter saka segara

Wacan 4 (soal 11-12)
Gunung Raung gadhah kawah ing pucukipun ingkang wujud bunderan (circular). Dene kaldera gunung Raung ambanipun kirang langkung 750 m X 2.250 m saha taksih asring ngedalaken asep saha geni ingkang mburap- mburap. Sampun kecathet saking sejarah, bilih Gunung Raung sampun nate njeblug kaping 58 wiwit taun 1593 saha ingkang kaping pungkasan ing Januari 2013 punika. Ing pucuking gunung Raung asring wonten angin banter saha asring udan ingkang dadosaken kahanan pucuk gunung punika kraos adhem sanget, kanthi suhu saged ngantos 2 – 10 drajat Celcius. Dados, menawi badhe ndhaki ing gunung raung punika kedah mbeta jaket anget supados boten kadhemen

Baca Juga  SOAL TES PENGETAHUAN UMUM

Gunung raung jeblug kaping 58, wiwit tahun ….
2013
2010
1953
1593
Kena apa yeng munggah menyang gunung raung kudu nggawe jaket?
Supaya Kepanasen
Supaya ora Kadhemen
Supaya Sumuk
Supaya ora lara

Wacan 5 (soal no 13-14)
Kraton Majapahit nalika kang ngasta pusaraning adil Prabu Hayam Wuruk sarta dipandhegani patih Gajah Mada kang pilih tandhing, kena diarani negara gemah ripah loh jinawi tata tentrem karta raharja.
Kanthi prasetyane Sumpah Palapa Gajah Mada duwe tekat ndarma bektekake jiwa ragane tumrap nusa lan bangsa lan bias manunggal karo Negara Majapahit. Tekat kasebut kasil, saengga salumahe nuswantara wiwit saka poncot kulon Sumatra nganti tekan poncot wetan Papua.
Manut wacan ing ndhuwur, sapa kang nyekel pusaraning adil kraton Majapahit?
Gajah Mada
Hayam Wuruk
Prtabu Adil
Kerta Raharjo
Prasetyane Patih Gajah Mada sing terkenal yaiku….
Susilo Bambang Yudoyono
Gawe nuswantara anyar
Sumpah Palapa
Yasa negara anyar ing Papua

Wacan 6 (15-17)

Jenenge Ki Hajar Dewantara nalika isih enom R.M. Suwardi Suryaningrat. Dheweke dilairake ing Yogyakarta tanggal 2 Mei 1889. Wiwit  enome Ki Hajar Dewantara wis nduwe gegayuhan mbudi daya amrih bangsa Indonesia bisa uwal saka penjajah kanthi ngedegake perkumpulan Indische Partij. Dhasar priyayi kang luhur budine lan madhep manthep anggone mbelani nusa bangsa, senajan dibuwang menyang Walanda, wektune dianggo ngangsu kawruh babagan pendidikan. Samulihe saka Walanda, tanggal 3 Juli 1892 Ki Hajar Dewantara ngedegake pawiyatan Taman Siswa.
Tahun 1959 Ki Hajar Dewantara seda ing Yogyakarta ninggalake sesanti “Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tutwuri handayani.” Nganti seprene sesanti mau dinggo sesanti pendidikan ing Indonesia. Kanggo ngormati jasane, tanggal laire dipengeti minangka Hari Pendidikan Nasional.

Sapa jeneng enome Ki Hajar Dewantara?
Namine Ki Hajar Dewantara nalika enem R.M. Suwardi Suryaningrat.
Asmane Ki Hajar Dewantara nalika enem R.M. Suwardi Suryaningrat.
Asmanipun Ki Hajar Dewantara nalika timur R.M. Suwardi Suryaningrat.
Naminipun Hajar Dewantara nalika timur R.M. Suwardi Suryaningrat.

Ukara pranyatan iki kang paling apik pandhapuke yaiku….
Ki Hajar Dewantara punika laire lan matine neng Yogyakarta.
Ki Hajar Dewantara punika lairipun lan ninggalipun neng Yogyakarta.
Ki Hajar Dewantara punika wiyosanipun lan ninggalipun teng Yogyakarta.
Ki Hajar Dewantara punika wiyosanipun lan sedanipun dhateng Yogyakarta.

Apa sebabe Ki Hajar Dewantara ngedegake perkumpulan Indische Partij?
Amargi Ki Hajar Dewantara priyayi ingkang luhur budinipun.
Kangge mbudi daya supados bangsa Indonesia saged uwal saking penjajah.
Kangge ngasilaken sesanti pendidikan Indonesia.
Amargi wangsul saking ngangsu kawruh ing negari Walanda.

Ki Hajar Dewantara kagungan lelabuhan kang gedhe banget ing donyaning pendhidhikan. Taun 1959 Pamarentah paring gelar Bapak Pendidikan marang Ki Hajar Dewantara, lan tanggal 2 Mei cundhuk karo tanggal miyose ditetepake minangka Dina Pendidikan Nasional. Sesanti Tut Wuri Handayani nganti saiki dadi lambange Kementrian
Pendidikan dan Kebudayaan.
Tembung lelabuhan tegese ….
cita-cita
jasa
andhil
modal
Teks ing nomer 18 kalebu bageane struktur teks profil tokoh ….
Prastawa
Orientasi
Masalah
Reorientasi
Tut wuri handayani, sesanti saka Ki Hajar Dewantara sing pantes dienggo nganti saiki, tegese yaiku ….
Ing mburi tansah menehi tuladha
Saka mburi tansah paring tetulung
Ing mburi tansah menehi pamrayoga
Saka mburi tansah nyengkuyung

Wacan 7 (soal no 21-24)
Pangeran Dipanagara iku putra pambarep Hamengkubuwana III, raja Mataram ing Yogyakarta. Lair tanggal 11 November 1785 ing Yogyakarta saka garwa ampil kang asmané R.A. Mangkarawati, ya iku garwa ampil kang asalé saka Pacitan. Pangeran Dipanagara duwé jeneng asli Raden Mas Ontowiryo.
Mangertèni kalungguhané minangka putra saka garwa ampil, Dipanagara nulak kersaning sang rama, Sultan Hamengkubuwana III kang arep ngangkat dadi raja. Panjenengané nulak amarga ibuné dudu garwa padmi. Panjenengané kagungan garwa telu ya iku: Bendara Raden Ayu Antawirya, Raden Ayu Ratnaningsih, lan Raden Ayu Ratnaningrum.
Dipanagara luwih kepéncut marang babagan agama lan cedhak karo rakyat saéngga luwih seneng manggon ing Tegalrejo, dalemé éyang buyut putri, permaisuri saka HB I Ratu Ageng Tegalrejo tinimbang urip ana ing kraton. Pambrontakané marang kraton diwiwiti nalika kapemimpinan Hamengkubuwana V (1822) ya iku nalika Dipanagara dadi salah siji anggota perwalian kang ndhampingi Hamengkubuwana V kang isih umur 3 taun, déné pamaréntahan sadina-dina dicekel déning Patih Danurejo bebarengan karo Residen Walanda. Cara perwalian kaya mangkono iku ora disarujuki déning Dipanagara

Baca Juga  Soal Bahasa Indonesia Untuk Latihan Soal SMP

Wacan ing dhuwur kedadeyan saka pirang paragraph
1
2
3
4
Raden Mas Ontowiryo lahir ana ing ….
Tegalrejo
Mataram
Yogyakarta
Jawa Tengah
Pangeran Dipanagara putra pambarepe Hamengkubuwana III lan ibune asma ….
Raden Ayu Antawirya
Raden Ayu Ratnaningsih
R.A. Mangkarawati
Raden Ayu Ratnaningrum.
Pangeran Dipanagara luwih seneng manggon ing Tegalrejo daleme eyang buyut putri amarga ….
Olah raga
Babagan agama lan olah raga
Babagan agama lan cedhak karo rakyat
Babagan agama lan pemberontakan

Wacan 8 (soal 25-29)
Eman, Sumantri ora ngelingi kabecikan. Sawise Taman Sriwedari klakon dipindhah menyang Mahispati dening Sukrasana, Sumantri cidra ing janji. Sukrasana ora dikeparengake melu suwita marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Amarga Sukrasana meksa kudu melu, mula Sumantri banjur ngagar-agari senjata Cakra Baskara murih Sukrasana wedi lan gelem ninggalake Taman Sriwedari. Nanging Senjata Cakra Baskara mrucut temenan ngenani jajane Sukrasana dadi lan patine. Sumantri enggal-enggal mlayoni layone Sukrasana, nedya ngrungkebi. Nanging layon tumuli musna.

Sukrasana iku yen karo Sumantri kaprenah apane?
Kakangne
Bapakne
Pamane
Adhine
Harjuna Sasrabahu iku ratu ing ngendi?
Ngalengka
Mandura
Mahispati
Magada
Pusakane Raden Sumantri jenenge apa?
Senjata cakra
Cakra baskara
Cakra byuha
Gada Lukitasari
Ing ngisor watake Raden Sumantri sing ala, kajaba …..
Patuh marang ratu gustine
Ora ngelingi kabecikaning liyan
Cidra ing janji
Mentala karo sedulure dhewe
Basa kang digunake crita ing dhuwur yaiku ….
Basa ngoko lugu
Basa karma lugu
Basa karma inggih
Basa campuran
Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandhu atetawang tangis amelas arsa, anggetuni sedane para pepundhene lan putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda.
Kang kalebu tembung saroja ing pethikan wacan yaiku ….
Wadyabala
Atewang tangis
Pepundhen
perang

” Adhimas Prabu Yudhistira, sasurute Abimanyu, Drestajumena lan para senopati liyane, sliramu kudu enggal milih salah siji saka para kadang Pandhawa dadi senopatine perang.” Prabu Kresna mecah tangising para kadang Pandhawa.
Cuplikan wacan iki kalebu struktur …..
Komplikasi
Orientasi
Klimak
Resolusi

” Iya Sumantri, yen ngono karepmu budhala, pangestuku tansah  njampangi lakumu.” Karo ngelus pundhake putrane, pangandikane Resi Suwandagni krasa ana geter sanajan tan ana tumetesing waspa.
Paragraf ing ndhuwur migunakake basa….
ngoko lugu
krama lugu
ngoko alus
krama alus
Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing bang wetan.
Tembung sang bagaskara ing ukara ndhuwur, ateges….
srengenge
bumi
lintang
rembulan
Wacan 9 (soal 34- 35)
Yudhistira minangka ratu ing Amarta kagungan pusaka Jamus Kalimasada paringanipun Bathara Darma, wonten ugi Payung Kyai Tunggulnaga, tumbak Kyai Karawelang, lan sangsangan robyong, kang dayanipun menawi Puntadewa/Yudhistira duka lan astanipun nyenggol kalung menika, sanalika sariranipun salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene sagunung anakan kanthi kulit warni pethak.

Ing ngisor iki pusakane Prabu Yudhistira, kajaba …..
Panah Guhwawijaya
Payung Tunggul Naga
Tumbak Kyai Karawelang
Jamus Kalimasada
Yen Puntadewa nesu tangane nyenggol kalung robyong bisa malih buta gedhe sing rupane ….
Ijo
Putih
Abang
Ireng
Wacan 10 (soal no 36-38)
Ujaring kandha Sang Hyang Puguh lan Sang Hyang Ismaya utawa Sang Hyang Punggung nganakake pasanggiri  nguntal gunung . Sing sapa bisa nguntal gunung banjur diwetokake maneh metu dubure, yaiku kang wenang jumeneng ratu ing Suralaya .
Kanthi ngetog kekuwatan lan numplak kasudibyan, Sang Hyang Antaga tumuli njunjung gunung banjur diemplok. Nanging senajan mripate nganti mlolo mendolo lan tutuke nganti suwek, Sang Hyang Antaga ora bisa ngulu gunung mau mulane gunung banjur diletehake. Sirna kebagusane Sang Hyang Antaga, amarga netrane banjur mlolo mendolo, tutuk pindha wiwaraning guwa dadi Togog.
Sang Hyang Ismaya tumuli tumandang. Gunung jinunjung, diemplok, nuli diulu mak legender . Sang Hyang Ismaya bisa ngulu gunung senajan netrane nganti kriyap-kriyip. Ananging bareng gunung wis diulu, Sang Hyang Ismaya ora bisa ngetokake metu dubure.Gunung mandheg ana sadhuwure dubure Sang Hyang Ismaya. Marga saka iku boconge Sang Hyang Ismaya banjur gedhe banget njalari sirnaning kabagusane dadi Semar.

Baca Juga  UJIAN TENGAH SEMESTER ( UTS ) GANJIL SMP NEGERI 3 TAHUN PELAJARAN 2017/2018 Bidang Study BTQ

Paragrap 2 waosan ing nginggil nyariyosaken mula bukanipun tokoh ringgit …..
Bilung Sarawita
Bathara Guru
Semar
Togog
Paragrap 3 waosan ing nginggil nyariyosaken mula bukanipun tokoh ringgit …..
Semar
Togog
Bathara Narada
Bathari Durga
Piwulang luhur ingkang saged kapendhet saking waosan 2 kados ing ngandhap punika, kajawi ….
Aja dumeh mundhak keweleh
Sapa adigang, adigung, adiguna bakal cilaka
Pemimpin kudu bisa ngayomi kawula dudu nguwasani
Aja duwe penganggep dhiri sampurna,
mundhak cilaka

Tembang 1 (soal no 39-41)
E dhayohe teka e gelarna klasa
e klasane bedhah,
e tambalen jadah,
e jadahe mambu e pakakna asu
e asune mati e buwangen kali
e kaline banjir e buwangen pinggir,
e pinggire lunyu e yo golek sangu

Tembang ing inggil kalebet jinisipun tembang ….
macapat
dolanan
lelagon
langgam
Tembang “ E Dhayohe Teka”  , tembung  dhayoh menawi dipuntegesi lugu sami kaliyan tamu, nanging bilih dipuntegesi entar inggih menika ………..
Tamu
tiyang ingkang nembe rawuh
Wulan Romadhon
Malaikat
“e klasane bedhah,e tambalen jadah”   bilih dipuntegesi entar inggih menika :
klasa ingkang bolong supados dipuntambal ngangge gemblong
manah ingkang bedhah ampun ngantos raket kaliyan setan  salebetipun wulan Ramadhan
manah ingkang bedhah supados dipuntambal gemblong
bilih manahipun susah supados dhahar gemblong

Tembang (soal no 42- 44)
Menthog-menthog tak kandhani
Mung rupamu angisin-isini
Mbok ya aja ngethok, ana kandhang wae
Enak-enak ngorok, ora nyambut gawe
Menthog-menthog mung lakumu, megal-megol gawe guyu
Tembang  Menthog-menthog teges entaripun ngingingi  …..
kewan menthog ingkang awon rupinipun
kewan menthog ingkang eca dipun becek
sindiran utawi panyenges dhumateng tiyang awon
menthog menika  kewan ingkang lucu
Ingkang damel guyu saking tembang ing inggil inggih menika ….
rupane menthog
awake menthog
wulune menthog
mlakune menthog
Punapa wosipun tembang Menthog-menthog ing inggil ?
Menthog menika kalebet kewan ingonan ( sato iwen )
Menthog menika kewan ingkang males mboten purun nyambut damel.
Menthog minangka gambaranipun tiyang ingkang tumindak awon.
Menthog nglambangaken tiyang suci, kados wulunipun ingkang pethak
Ingkang kalebet tembang dolanan inggih menika ….
Gundul-Gundul Pacul
Pucung
Sewu kutha
Anoman obong
Suwe ora jamu, jamu godhong tela
Suwe ora ketemu, ketemu  pisan………….
saya ngece
tambah ngregetake
malah gela
malah nangis
Tembang  “ Suwe ora jamu “ mawa teges ……….…
tiyang kedah katah ngunjuk jamu supados bagas waras
jamu godhong tela ngalari dados gela
bakul jamu bilih kepanggih tiyang ingkang boten mundhut dados gela
tiyang sesrawungan kedah saged njagi diri pribadi supados damel gelanipun tiyang sanes.

PADHA NYAWIJI
Ayo padha nyawiji
Tuwa mudha jaler estri
Sayuk eka kapti
Bareng dha tumandang nyukupi
Sandhang pangan kita sami
Nanging aja ana kang korupsi
Yen padha korupsi
Negarane rugi kang sayekti

Pitutur luhur kang kinandhut ing cakepan tembang dolanan ing dhuwur kaya
ing ngisor iki, kajaba….
Tuntunan supaya tansah njaga kerukunan lan persatuan.
Tuntunan supaya padha gotong royong nyambut gawe bebarengan
Tuntunan supaya padha korupsi
Yen padha korupsi sayekti negarane bakal nandhang rugi.
Cakepan tembang ing dhuwur nggunakake basa rinengga ….
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi lumaksita
purwakanthi carita

Tembang Padha Nyawiji ing ndhuwur kedadeyan saka … gatra.
6
7
8
9

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

You may use these HTML tags and attributes: <a href="" title=""> <abbr title=""> <acronym title=""> <b> <blockquote cite=""> <cite> <code> <del datetime=""> <em> <i> <q cite=""> <strike> <strong>